Selasa, 13 Desember 2016

pernikahan

MC PERNIKAHAN BAHASA JAWA

Assalamualaikum wr.wb

Rumentahing pujo hastowo saking Gusti Engkang moho welas Moho Asih mugi tansah kajiwo lan kasariro dening poro rawuh kakung sumawono putri.
Nuwon,
 
Dhumateng panjenenganipun poro pepundhen, poro sepuh, poro pini sepuh engkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman enkang pentes pinundi. Poro pengemban pangembating projo miwah Satrianing nagari minongko pandhom pandhoming kawulo dhasih engkang sinubo ing pakurmatan. Poro sujono sujananing budi engkang sampun wenang nampi wahyuning kasutapan engkang satuhu bagyo mulyo.
 
Nun inggeh, baroyo ageng baroyo wiro wiyoto, baroyo wiro tamtomo, poro purnokaryo labetprojo engkang mahambeg luhuring dharmo. Poro alim ulomo engkang rinten dhalu tansah sumanding wahyuning Illahi minongko keblating panembah engkang stuhu luhuring budi. Panjenenganinpun poro satyo wredo carono madyoprotsmu kakung putri engkang pantes nampi pakurmatan satuhu lamunto sinudarsono.
 
Mradhopo saking keparengipun Bopo …….. (enkang hamengku gati / tuan rumah) sekalian garwo , kulo engkang kapitedhah sinaroyo hambuko wiwaraning suko dwaraning kondho minongko jejering pambioworo ngturaken urut reroncening adicoro engkang sampun rinakit dening kulowargo, engkang tartamtu kemawon kaenerekan wonten ing pawiwahan prasojo wonten ing ri kalenggahan puniko.
Poro rawuh engkang dhahat kinurmatan kepareng kulo atoraken menggah urut reroncening adicoro :
1. Pambuko
2. Waosan kitab suci Al Qurán
3. Pambagyo harjo
4. Atur pangandhikan saking keluargo temanten putri
5. Atur pangandhikan saking keluargo temanten kakung
6. Sabdo tomo
7. Panutup
Poro rawuh engkang dhahat kinurmatan, mekaten urut reroncening adicoro engkang sampun rinakit deneng sedoyo kulowargo.
Sumonngo sesarengan nyuwon dhumateng Gusti pengeran Engkang moho kuwaos mugi lampahing adicoro wonten ing siang puniko pinaringan wilujeng kalis saking rubito tuwin sambikolo, sumonggo kulo derekaken kanti maos basmallah. Bismillahirrohmanirrohiim
 
Saklajengipun dhungkap adicoro engkan ongko kaleh waosan Kitab suci Al Qur’an. Dhumteng kadang engkang sampun kapiji sasonoworo kaaturaken.
Maturnuwon dhumateng ……………………. mugi-mugi amal kesaenan panjenengan pikantuk ganjaran engkang matikel-tikel, sumrambah dating sagung poro lenggah.
Dhungkap adicoro engkang saklajengipun ngeh puniko pambagyo harjo yuwono. Dhumateng panjenenganipun Bopo………………. Minongko sulih sariro talang boso panjenenganipun bopo …………………sekalian garwo . sasonoworo katuraken skcekpipun.
Paripurno atur pambagyo harjo kanti ruruh hangarah prono, titi, toto, titis dalah wijang wijileng boso. Sanget kaaturaken agungeng pamaturnuwon.
Poro rawuh engkang dhahat kinurmatan!
Sekderengipun adicoro kalejengaken kepareng adicoro kasigeg rumiyen kagem sumene sak wentawis. Dhumateng kadang mudo among karyo wekdal kulo sumanngaaken. Dhumateng poro rawuh kasumanggaaken hanyekecakaken anggenipun lenggah.
Kepareng kulo aturaken ………


Senin, 05 Desember 2016

pranoto coro

Kawula nuwun, Panjenenganipun para alim para kyai ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning illahi, mirungganipun dumaten panjenenganipun bopo kyai……….soho kyai sanesipun ingkang mboten saget kawulo sebat asma setunggal lan setunggalipun, minangka panuntun kiblating panembah, satuhu luhuring budi ingkang sampun pono ing pamawas lebdo ing pitutur ingkang pantes pinundi soho kinakbeten.
Panjenenganipun para pepunden, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dematen pepoyaning kautaman satuhu luhuring budi ingkang dahat kinurmatan.
Panjenenganipun para priyagung dharmaning nata, para sarjana sujaning budi. Para pangemban pangembating praja para satriyaning negari, minangka pamdam pamdoming para kawula dasih, ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Para kadang sutrisna mudha wreda ingkang pantes sinudarsana, punapa dene para tamu kakung sumowono putrid ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Kanthi linambaran pepayung budi rahayu, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, mugi keparenga kawula hambuka wenganging wicara dwaraning kandha nun inggih mradapa awit saking keparengipun ingkang hamengku gati (Bp………), kawula piniji hanjejeri minangka pangendali wara, saperlu mratitisaken murih rancaking titi laksana adicara pawiwahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Saderengipun kawula ngaturaken menggah urtut reroncening tata adicara, murih purwa madya wasana tansah manggihi rahayu kali sing rubedo nir ing sambekala, sumangga langkung rumiyin kawula derekaken manungku puja, ngunjukaken sembah puji syukur wonten ngersanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, awis agung barokah saha rahmatipun Allah SWT ingkah sampun rumentah dumateng kito sedaya, sehinggo kito saget hanglonggaraken penggalih kempal manunggal wonten ing sasana pahargyan mriki saperlu hanjenengi saha paring berkah pengestu dhumateng panjenenganipun bapa/ibu……………….. (ingkang mengku gati) anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi tetepa winengku ing suka basuki.
Para rawuh para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, wondene menggah urut reroncening tata adicara ingkang sampun rinacik, rinacang, rinumpaka dening para kawulawangsa nun inggih :
- Minangka purwakaning aadicara pahargyan, nun inggih waosal ummul kitab.
- Kalajengaken waosan ayat - ayat suci Al Qur’anul karim
- Atur pasrah temanten kakung
- ………………..
Mekaten menggah urut reroncening tata adicara pawiwahan prasaja ing ratri kalenggahan punika, pramila sumangga kito wiwiti adicara ingkang sepisan nin inggih purwaka kanthi waosan suratul fatihah, wondene pimpinanipun kawula aturaken dhumetheng panjenenganipun Bp………………….. dhumatheng panjenenganipun ing wasana wekdal kasumanggaaken. Nuwun!
Matur nuwun kawula aturaken mugi - mugi khanthi waosan suratul fatihah kalawau adicara ing pahargyan punika saged kalampahan khanthi nir ing sambekala, nir ing sansoyo sak panginggilipun kali sing rubedo. Para rawuh para lenggah ingkang pantes sinudarsana, waosan ayat - ayat suci Al Qu’anul karim badhe kawaos dening bp…………………. Wekdal kasumanggaaken.
Sanadhan wus paripurna waosan ayat suci Al Qur’an dening tetuwangga ingkang piniji, parandene tasih kapireng suwantenipun lamat-lamat demeling akasa sumusup hima himantaka, saya ndedel nggayuh wiyati satemah maweh prabowo henelahi. Mratandani katarima pamintane mring gusti, mbabar kanugrahan suci, tumanduk panjenenganipun ingkang hamengku gati, ingkang katemeben hamiwaha putra mahargya siwi tetepo winengku ing suka basuki, lestari salami-lami, tur kathah rejeki, lumintu dhumatheng para rawuh kakung sumawana putri.
Para lenggah kakung putrid ingkang satuhu kinurmatan, salajengipun dumugi laksitaning tata adicara atur pasrahipun saking duta saraya badhe/calon kadang besan. Wondene ingkang pinangka sulih salira nun inggih panjenenganipun Bp….……. Wekdal kasumanggaaken.
Mekaten para lenggah kakung saha putrid, atur pasrahipun Bp. ……. pinangka duta saraya ing kalenggahan punika, khanthi prastawa cetha wijang wijiling pangandika kaduk ruruh hangarah prana ingkang salajengipun pasrah badhe katampi panjenenganipun Bp. ……….. minangka sulih sarira Bp. ……………. Sarimbit (ingkang mengku gati) wekdal kasumanggaaken. Nuwun!
Kanthi cetha terwaca atur panampi saking panjenenganipun Bp. ….. minangka sulih saliranipun ingkang hamengku gati, ingkang salajengipun dipun wonteni khutbah nikah wondene ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Bp. …………….
Paripurna khutbah nikah saking panjenenganipun Bp. ……… ingkang salajengipun ngancik tata upacara akad nikah /ijab qobul. Minangka wali ingkang dipun sarirani panjenenganipun Bp………….. saha Bp. ………….                          Ing salajengipun dhumatheng panjenenganipun para-para ingkang piniji sasana swasana kawula sumanggaaken, sumangga!
Para rawuh saha para lenggah ingkang dahat kinurmatan. Ngancik adicara salajengipun nun inggih waosan donga/haspungkara. Wondene ingkang piniji kepareng badhe ngaturaken donga panjenenganipun Bp. …………… ingkang punika, sasana wekdal kasumanggaaken, sumangga!
Sampun paripurna waosan donga dening tetuwangga ingkang piniji. Mugi-mugi panjenenganipun Bp. ………….(ingkang mengku gati) anggenipun hanetepi darmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi tetepa winengku ing suka basuki, semanten ugi temanten sarimbit anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan tansah sakinah, mawaddah, warahmah, atut runtut, ayem tentrem, bagya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tinemu.
Para rawuh  saha para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, kados sampun paripurna tata adicara ing siang/ndalu punika, wiwit purwa, madya, wasana sampun kalampahan kanthi wilujeng kali sing rubedo nir ig sambekala.
Hamung semanten panjenenganipun para rawuh saha para lenggah pahargyan ing ri kalenggahan punika, mila awit awal ngantos dumugi akhir kathah kekilapanipun saha kirangipun labed budi dayaning manungsa kirang sampurna ingkang sarta kirang pana anggen ngaturaken agenging sih samudra pangaksami.
وَاللهُ المُواَفِق الي أقْوَامِ الطَّارِق.والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Minggu, 04 Desember 2016

MC Pengajian

Assalaamu’alaikum wr.wb
• Poro pepunden sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur.
• Poro pinisepuh saha sesepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepeoyaning kautaman ingkang pantes nampi pakurmatan.
• Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari ingkang minangka pandam-pandoming kawulo dasih.
• Nuwun inggih para brayat ageng barayo wiro wiyoto wiro tamtomo purno karyo labet projo ingkang sampun wenang nampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagyo mulyo.
• Kunjuk panjenenganipun poro alim para –para ulama, bopo haji saha ibu hajah poro santriwan santriwati ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi, pinangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuing budi.
• Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo mulyo.
• Mboten katalumpen kadang kulo werdo mudo taruna mudi taruni ingkang minangko sekaring projo ingkang tansah kawulo tresnani.
Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah.
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manungku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.
Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan …… nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan … ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten susunan teks contoh pembawa acara pengajian :
  1.  Adicara angka sepisan Pambuka
  2.  Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedherek …
  3.  Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapak …… (ketua panitia atau yang ditunjuk)
  4. Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai … (biasanya pejabat tertinggi di lingkungan sini atau orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini).
  5. Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom … (sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa…)
  6. Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
Hadirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan ………….. ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ……(basmalah atau bacaan ummul kitab atau dengan do’a lainnya).
Matur nuwun.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamullah ingkang badhe kasarirani dening sedherek ……Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek … wekdal kasumanggaaken.
Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng sederek / Bapak …… wekdal kasumanggaaken.
Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun bapak/ibu………… (mungkin pejabat tertinggi di lingkungan sini atau tokoh yang dikehendaki panitia untuk memberikan sambutan). Anamung sakderengipun, midherek atur saking panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis kinarya paring wekdal dhateng para kanca ingkang badhe angaturaken pasugatan prasaja. Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng tumunten anyekecaaken ngunjuk sarta dhahar kanthi merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken sawetawis.
Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing ngarsa panjenengan sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Ingkang menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Wiji Naryana saha Bapak Sudarsa minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng midhangetaken kanthi merdikaning penggalih. Sumangga.
Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal sumene kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun.
Adicara ingkang angka sekawan wedharing pangandika saking panjenenganipun Bapak/Ibu…Dhumateng bapak/ibu…wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun kepareng paring pangandika.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai…..kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan …… dalu punika. Dhumateng almukarrom …….. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom……ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan.
Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami.
Muslimin lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.
Wusana, ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalaamu’alaikum wr.wb

pambiworo ngunduh

Assalamualaikum Wr.Wb
  • Poro pepunden sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur
  • Poro pinisepuh saha sesepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepeoyaning kautaman ingkang pantes nampi pakurmatan
  • Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari ingkang minangka pandam-pandoming kawulo dasih.
  • Nuwun inggih para brayat ageng barayo wiro wiyoto wiro tamtomo purno karyo labet projo ingkang sampun wenang nampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagyo mulyo.
  • Kunjuk panjenenganipun poro alim para –para ulama, bopo haji saha ibu hajah poro santriwan santriwati ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi, pinangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuing budi.
  • Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo mulyo.
  • Mboten katalumpen kadang kulo werdo mudo taruna mudi taruni ingkang minangko sekaring projo ingkang tansah kawulo tresnani.
*Mrandopo awit keparengipun ingkang hamengku gati nuwun inggih panjenenagipun Bp……(yang punya hajat)…kulo ingkang ingkang kapitedan hambuko wiwaraning suko dwaraning kondo, jejereng pambiawara punapa dene pranata adicara hangaturaken rantamaning tumapaking titi laksito adicora, ingkang sampun rinantam dening kadang kulo wongso kaeneraken wonten ing pahargyan agung prastowo sowanipun.
(Sebelumnya menginjak acara seorang MC bahasa jawa kawi  mengajak hadirin untuk mengucapkan  puji syukur kepada sang pencipta) Sang yaning poro tamu kakung miwah putri, ingkang tansah satuhu bagyo mulyo
Sak derengipun kawulo hangaturaken rantamaning titi laksito adicoro sumonggo tansah kawulo derekaken memujo lan memuji dhumaten g Gusti ingkang hamurbeng dumadi nuwun inggih ALLAH SWT ingkang tansah paring rahmat, taufik, hidayah sarta inayah ingkang tansah rumentah dumateng kulo panjenengan sedoyo ing antawisipun nikmat sehat,sempat saha nikmat islam. Sahinggo kulo panjenengan sedoyo saged makempal silaturahmi saho saged  netepi darmaning agesang nuwun inggih wonten ing pahargyan agun prastowo punika.
Sholawat saho salam mugi tansah katur dumateng  nabi agung Muhammad  SAW ingkang  tansah dipun tenggo- tenggo syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah.
Kanthi raos panelongso panjenenganipun Bp kulo ingkang hamengku gati nuwun inggih Bp……(nama yang punya hajat)…nyuwun dhumateng ngersaning para tamu sutrisno  mugi anggenipun ngentas pitulus putrinipun nuwun inggih nimas dyah kusumaning ayu Rr…..(nama pengantin putri)…… ingkang badhe kadaupaken kaliyan Bagus… (nama pengantin putra)… atmajo panjenenganipun Bp….(nama orang tua dari pihak besan)…ingkan g pidalem wonten ing…..(alamat)…. Mugi anggenipun netepi dharmaning asepuh hamiwowo suto mahargya siwi tansah kali s ing rubedo nir ing sambikolo soho  tinebehno saking siku dendaning Gusti ingkang maha Kuasa.
Sang yaning poro tamu kakung miwah putri ingkang dhahat pinundhi-pundhi. Kaparengo kulo sumawelo atur saho ngigeg anggen panjenengan wawan pangandikan saho imbal wacono ingkang saperlu badhe hangaturaken urut reroncening adicoro  wonten pahargyan agung prastowo punika.
Bilih adicaro ingkang angka:
  1. Binuko pahargyan agung prastowo
  2. Sowanipuntemanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasono rinenggo
  3. Atur pambagyo harjo
  4. Pasrah gatining karso saking sesulihing besan
  5. Panampi saking sesulihing ingkang hamengku karso
  6. Panjrahing sari puspito adi punopo dene panggihipun risang pinanganten sarimbit
purno diniro panggih, badhe kapacak upocoro adat widi widono kacar kucur, dulangan, timbangan saho sungkeman. Wondene pratondo paripurnaning paharyan menawi temanten sarimbit sampun jengkar saking sasono rinenggo hanuju sangajengipun balai wismo, tanda yekti pawiwahan sampun paripurno.
Wassalamualaikum wr.wb
Dari contoh diatas sebagai contoh naskah MC bahasa jawa kawi  saja anda bisa kembangkan sesuai kemampuan dan kemauan anda sendiri, tapi anda juga harus memperhatikan makna ataupun kosa kata dari bahasa kawi itu sendiri.

Pranoto Adi Coro

Contoh Teks Pranatacara Adicoro Pengantin Bahasa Jawa 1

Assalamu alikum Wr. Wb.


Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong temanten.......ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bagus ... bin ...kalian Raden ajeng Roro ... binti ...

Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:

  1. Adicoro Pambuka
  2. waosan pustoko suci al Qur’an
  3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
  4. Istirahat
  5. wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
  6. Doa-Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah, Liridloillah--------

Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bade kaseliraaken dening .... wekdal soho panggenan kaaturaken.

(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.

Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten ... ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun

(Pasrah Manten)

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun manah panjengan ipun Bapak.... bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak.....kaaturaken.

(shohibul Bait)

Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping selkawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi kanti sekeco lan saestu.
Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih puniko Mau’idhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awl dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.  Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh hasanah soho doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.

Contoh Teks Pranatacara Adicoro,Pengantin Bahasa Jawa,contoh teks pembawa acara pernikahan bahasa jawa,contoh pranatacara manten bahasa jawa,mc pernikahan bahasa jawa kromo inggil,kumpulan mc bahasa jawa,artikel mc manten bahasa jawa, mc bahasa jawa maulid nabi,contoh,mc bahasa jawa pengajian,teks mc pernikahan adat jawaContoh Teks Pranatacara Adicoro Pengantin Bahasa Jawa 2

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:

Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha

Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung
Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan
Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem

Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu
Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian

Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan

Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.
Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi.
Nuwun, nuwun, matur nuwun.
Terjemahan bebas Demikian Contoh MC dalam bahasa Jawa: Pranatacara/Pranata adicara Pengantin
Mohon maaf..permisi. Yang terhormat para orang tua dan yang dituakan yang selalu menjaga keutamaan hidup, yang pantas dihormati. Juga kepada para hadirin-hadirat yang berbahagia
Maaf sekali semoga saya dijauhkan dari mala petaka karena dengan berani menghadap kepada anda semua yang sedang bercengkerama. Saya yang ditugasi sebagai pembawa acara mohon diperkenankan untuk membuka acara suka-suka pada saat ini. Supaya acara pesta sederhana ini bisa runtut dan lancar
Marilah saya iring anda untuk memuji syukur kepaada Tuhan yang telah memberikan rahmat dan nikmat di alam kehidupan ini. Terbukti keselamatan selalu menyertai kita semua sehingga kita bisa meluangkan waktu untuk menghadiri pesta ini. Untuk memberi berkah dan doa kepada bapak Yatno sekeluarga yang sedang memenuhi kewajiban sebagai orang tua yakni menikahkan anak mereka, semoga selalu diberi keselamatan.
Para tamu (laki-laki dan perempuan), susunan acara yang sudah disusun oleh keluarga adalah sebagai berikut:

Pertama sebagai pembuka pesta ini adalah kedatangan pengantin putri dari ruang rias ke pelaminan
Kedua datang dan perginya pengantin putra menuju ke arena pesta
Ketiga: serah terima pengantin putra
Keempat acara panggih (pertemuan) antara pengantin putra dan putri sesuai dengan adata dan dilanjutkan krobongan
Kelima sambutan dari pihak besan (mertua) kepada tuan rumah dilanjutkan acara sungkem
Keenam sambutan dari pemilik rumah kepada para tamu undangan
Ketujuh kepergian pengantin ke ruang ganti untuk ganti baju kesatria
Kedelapan kedatangan kembali kedua pengantin
Kesembilan berakhirnya acara pesta pernikahan ini yakni perginya pengantin menuju ke depan tempat pesta

Baca Juga : Contoh Percakapan Untuk Belajar Bahasa Jawa
Semoga dengan postingan diatas yang berjudul Contoh Teks Pranatacara Adicoro Pengantin Bahasa Jawa diatas dapat bermanfaat untuk anda semuanya. Dan jangan lupa share artikel ini kepada teman kalian yang sedang membutuhkan contoh naskah mc bahasa jawa ini, dan anda bisa share di facebook ataupun media social lainnya. Dan jangan lupa juga untuk selalu berkunjung diblog ini, karena setiap harinya akan selalu update dengan artikel terbaru yang lebih