walimatul

MC WALIMATUL URSY DENGAN BAHASA JAWA I.

MC WALIMATUL URSY DENGAN BAHASA JAWA I.

 Assalamualaikum Wr. Wb.


Hadratal mukarrom poro Alim Ulama, wabil khusus panjenenganipun Romo KH. Abdul Basith ingkang satuhu dahat kinurmatan. Panjenenganipun poro pepunden, pinisepuh lan sesepuh ingkang pantes pinundi, ingkang sinubho ing pangkurmatan. Poro Dutho saroyo Pangombyong pinanganten putri saking kadang besan ingkang mastuthi dumateng pepoyaning Kautaman. Poro pilenggah kakung sumawono putri, kadang wredho muhdo ingkang bagyo mulyo. Keparengo sawitawis kawulo mambeng nggempil kamerdikan panjenengan sami, mboten ateges kawulo cumantoko cumantono, anggadek wonten ngarso panjenengan sami, anamung mradhopo keparengipun keluargi Ust. Amin Makmun, ingkang amangku gathi, kawulo piniji pambiworo, wontenipun pawiwahan walimatul Urs’y putro Putrinipun ingkang asma Raden Bagus Imam Ahmad bin Ust. Amin Makmun Kaliyan Raden Ayu Siti Munawaroh Binti Sudarmono.
Anamung sak derengipun ngaturaken urut roncening toto adicoro ingkang sampun karakit dening poro Kulo wongso, cundhuk kaliyan toto larasipun bongso ingkang linambarang agungin agami, nun inggih sumonggo kulo dhereaken ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Allah SWT, Awit saking rahmat soho hidayahipun ingkang sampun lumeber, kaparingaken dhateng panjenengan sami dalasan kawulo.

Sholawat soho salam mugiyo tansah katur kunjhuk dhumateng junjungan kito, nabi Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kitho jadhang lumunturing syafaat. Wondene toto adichoro ingkang badhe kalampah wonten ing pahargyan pawiwahan puniko nun inggih :
1. Pembukho/ purwoko
2. Waosan kitab pusoko agung Alqur’an
3. Atur Pambagyo pasrah saking kadang besan
4. Atur Pambagyo panamphi dening ingkang amangku gathi
5. Wedhar sabdho/ Mauidzoh Hasanah
6. Paripurnaning adicoro kanthi waosan do’a Poro rawuh kakung sumawono putri ingkang dahat kinurmatan.

Kanthi lilaning penggalih, sumonggo kulo dereaken adichoro ingkang binukho, kanthi waosan suratul fatihah ing panganjad, mughiyo lampahing adicara pawiwahan awit purwo dumugining wusono tansah pinaringan rahayu tebih nir ing sambikolo, khususipun malih dhumateng pinengantin sarimbit keparingaken mawaddah wa rahmah waghet nuwuhaken putro-putri ingkang solih lan sholikah.

 عَلَى هَذِهِ النِّيَةِ وَكُلِّ نِيَّةٍ صَالِحَةٍ، الفَاتِحَةَ

………………….. Disampaikan terima kasih.

Dumawah adicara ingkang angka kalih nun inggih waosan kitab pusoko agung Al-Qur’an, ingkang badhe kaaturaken dening panjenenganipun Ustad H. Kamaluddin Mujamil Wekdal kasumanggaaken...

(Qori' Membaca...)

 صَدَقَ اللهُ العَظِيْمِ وَصَدَقَ رَسُوْلُهُ الْكَرِيْمُ وَنَحْنُ عَلَى ذَالِكَ مِنَ الشَّاهِدِيْنَ وَالشَّاكِرِيْنَ 

Kanthi waosan kolowau mughiyo tansah lumeber barokah lan manfaat, khususipun dumateng Qori’, sumrambah dumateng kawula, dalah panjenengan sami.

Kalajengaken adicara ingkang ongko tigo, nun inggih atur pambagya pasrah pinanganten putri saking kadang besan panjenenganipun bapak Sudarmono saking tlatah Sragen ingkang sulih saliro, ingkang piniji wekdal soho panggenan kaaturaken.

(besan Maju...)

Kanthi prastawa cetha wijang wijiling pangendikan atur pambagya pasrah saking kadang besan, sarono badhe katampi dening keluarga bapak Ustad Amin Makmun ingkang mangku gathi. Awit saking bumbung lan mangkokipun manah panjenenganipun bapak Ustad Amin Makmun ingkang amangku gathi wontenipun pahargyan palenggahan punikho, mboten waghet ngaturaken panamphi wonten ngarso panjenengan sami, anamung kandek wonten samudyaning jonggo, ing puniko sulih saliro dhumateng panjenenganipun Bapak Ustad Zainuddin Abshar, wekdal kasumanggaaken.

(penerima Maju...)

Kanthi tatas tetes lan titisipun lampahing adicoro awit purwo dumughining madyo puniko, mboten ingkang kalempit, adicara dereng dumawah paripurno, nun inggih sumonggo kita midangetaken wedhar sabda ingkang tumuju kesaenan, (+ saha barokah Do’a) ingakang bade kaaturaken dening al mukarom KH. Abdul Basith Wekdal kaaturaken.

(pengajian serta doa)

Wondene adicara ingkang paripurno nun inggih Do’a ingkang bade kasuwun saking panjenenganipun. Kanthi purnaning do’a kolo wau, adicoro pahargyaan pawiwahan walimatul Ursy wonten ing paenggahan punikho sampun dumugining wusono, tansah pinaringan rahayu, slamet widodo nir ing sambikolo, saking kawulo ingkang piniji pambiwara toto adicara, menawi wonten kekirangan saha kekhilafan ingkang mboten nuju prono mungguhipun sastro, boso tuwin subosito, awit purwo dumugining madyo, dalah nyuwung agunging samudro pangraksami.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb


Tidak ada komentar:

Posting Komentar