Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Dhumateng panjenenganipun Para Pepundhen para sepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang satuhu pantes pinundhi.
Dhumateng Para Pangemban Pangembating praja satriyaning nagari ingkang minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang tansah sinuba ing pakurmatan.
Para Alim Ulama ingkang rinten ndalu tansah sumanding kitab suci wahyuning illahi mingka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi.
Para Tamu Kakung sumawana putri ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Mundhi awit saking keparengipun keluarga ingkang hamengku karsa kulo ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka,wenganing wicara,dwaraning kandha pinagka jejering pambyawara,nuwun kepareng samangke badhe hangaturaken menggah rantamaning adicara ingkang sampun rinacik dening sedaya kulawangsa.
Hamung sakderengipun kulo samangke hangaturaken rantamaning adicara,mugya jumbuh kaliyan kuncaraning bangsa nuswantara ingkang linandesan luhuring pancasila,sumangga samyo kulo derekeken sami manungku puja puji pangastuti wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi,karana agunging barokah tuwin rahmat,ingkang sampun rumentah dumateng panjenengan sedaya dalasan pribadi kawula,sarta mugi lumaksananing adicara wonten ing kalenggahan punika,saking purwa madya wusana mugya tansah lumampah kanthi wilujeng nirbaya kalis ing sambekala.
Dhumateng para tamu kakung putri ingkang tansah kinurmatan.
Nuwun kepareng pambyawara murwani lekasing sedya kanthi hangaturaken rantamaning adicara :
1. Purwakaning Adicara
2. Wedharing Atur Pambagyoharjo
3. Wedharing Pangandikan Pasrah
4. dll
Sangyaning para tamu ingkang satuhu kinurmatan,mekaten menggah rantamaning adicara pahargya ing kalenggahan punika,mila awit saking punika mugya wonteno suka lilaning penggalih,para rawuh tansah kasuwun lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih sarwi paring puja puji pangastuti ngantos dumugi pari purnaning adicara samangke.
Nuwun….Nuwun….Nuwun….Maturnuwun.
(dilanjutkan di bagian kedua/bersambung)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar