atur

Assalamu’alaikura Wr. Wb.
Nuwun, para pinisepuh ingkang satuhu dahat kula bekteni. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya. Mugi rahayu saha winantu sagunging karaharjan mugi kasarira ing para tamu sadaya.Keparengan kula sumela atur nggempil kamardikan panjene-ngan sekaliyan, kalanipun sakeca wawan pangandika.Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh sadaya, bilih saking kepare-ngipun Bapak………………. sekaliyan, kula tinanggenah nglairakenraos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya. Ingkang dingin : ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah wonten ing ngarsaning Gusti Allah SWT. dene hajatipun Bapak tuwin Ibu …………….. anggenipun gadhah damel ndaupaken putra putri ingkang nami ………………… sampun kalampahan daup kaliyan ………………………… rikala dinten ………………. tanggai kaping………………..wanci jam……………….wonten ing……………..kanthiwilujeng nir ing sambikala. Kaping kalihipun Bapak saha Ibu…………………..sakulawargakanthi bebeg birawaning manah, ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturaken pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh sadaya ingkang sampun kersa rawuh, saperlu paring berkah wilujeng dumateng Sri pangan-ten sekaliyan, sumrambah dumateng sanak saderek sadaya.Boten kasupen Bapak saha Ibu…………………….ngaturakengunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sadherek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para muda-mudi sadaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon, Sarehning Bapak saha Ibu …………… sakulawarga mbotensaged ngatun piwales punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken puja-pudyastuti, mugi-mugi panjenengan sadaya angsala sih kautaman saking ngarsaning Gusti Allah SWT. sarta angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel saha mawantu-wan-tu.Kaping tiganipun, Bapak saha Ibu ……………. sakulawarganyuwun sih panarima panjenengan sadaya, kersaha paring berkah pangestu puja pangastuti, mugi-mugi Sri panganten sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun para pinisepuh sadaya.Sageda Sri panganten sekaliyan antut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen, rahayu, widodo kalis ing sambekala. Saha mugi-mugi enggal angsala momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT., bekti dhumateng rama ibunipun saha para pinisepuhipun, sageda mikul duwur mendhem jero, labuh labet dateng nagari saha bangsanipun, sageda murakabi dhateng bebrayan agung.Kaping sekawanipun, mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani, bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu saha kirang mranani anggenipun mapanaken palenggahan, ugi kirangipun trapsila anggenipun para kaneman nyaosaken pasugatan, mugi kersaha para tamu angluntu-raken samodra pangaksami.Ing wasana para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mirunggan. suka manggung, suka murakabi sedaya pasugatan lan lelangen ingkang sampun sumawis ngantosa dumugi sak paripumaning pawiwahan punika.Minangka panutuping atur. mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya wara punika kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsilaning anggen kula matur, kersaha para tamu anglunturaken samodra pangaksama.Akhirulkalam, billahit taufik wal hidaya,Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar