ngunduh

Contoh Pasrah Penganten Ngunduh Mantu Sederhana

Assalaamu`alaikum Wr.WbKulo nuwum,Katentreman soho karahayon hawit sihipun Gusti Allah ingkang Moho Agung,ingkang moho Moho Welas, ingkang Moho Asih mugi tansah paring pinayungan wonten hing madyaning pahargyan hing wanci dalu puniko.Bopo ...[ asmo sing nampi pasrah ]... ingkang winengku hing pakurmatan.Sowan kulo ing wanci dalu puniko,kulo rinesoyo dening bopo ...[ asmo bopo temanten kakung ]... sekalian saperlu kadhawuhan matur wonten ngarsanipun bopo ....[ asmo bopo temanten putri ]... sekalian, hing ri kalenggahan meniko panjenengan ingkang kasuwun hanyelirani.Hatur kulo ingkang sepisan, kulo kadhawuhan ngaturaken salam wilujengipun bopo ...[ asmo bopo temanten kakung ]... sekalian,ingkang linambaran donga pamuji, mugi katur dumateng bopo ...[ asmo bopo temanten putri ]...minggahing dumateng poro kaluarganipun.Jangkepig atur ingkang ongko kalih,kulo kadhawuhan hamasrahaken pengaten ingkang sakmeniko sampung jangkep sakjodho,awit sampun katindhakaken ijab qobul,panggih lan totocoro adat jawi sanes-sanesipun rikolo dinten ......... suryo kaping ........ warso.......... kanthi pinaringan wiljeng,yuwono widodo nir hing sambekolo.Saklajengipun,sakmeniko kulo pasrahaken,borong hanggenipun ngendikani,mituturi soho dhidik lan gulowenthah mrih lestari widodo hanggenipun jejodohan,satemah saget hambangun balewismo kanthi pikantuk berkahing Gusti ingkang murbeng dumadhi,tansah runtut lan atut,mugi pinaringan putro ingkang dadhos tetangsul langgeng tutug,trah tumerah lantaran turun hanggenipun sami bebesanan.Mekaten bopo ...[ asmo bopo sing nampi pasrah ].... hanggen kulo matur soho hamasrahake penganten sekalian wonten hing ngarso panjenengan. Kathah kekirangan soho kalepatan ingkang kulo sandang, kulo nyuwung agunging samudro pangaksomo...... nuwun.Wassalaamu`alaikum Wr.Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar