Engkang tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh. Dhumateng poro alim ulama’ khususipun Simbah Kyai Haji Fatchur Rohim ingkang tansah kulo ta’dzimi. Penganten sarimbit soho pengombyong saking dusun Gunung Kekep ingkang kawulo hormati. Sedoyo tamu undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati.
Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan sehinggo wonten siang meniko kito waget makempal wonten acara walimatul ‘urusy ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo umumipun lan berkah dumateng penganten kekaleh khususipun.
Sholawat lan salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kito tenggo-tenggo Syafa’atipun wonten yaumul qiyamah mbenjang.
Hadirin ingkang kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro ingkang sampun karancang, inggih meniko;
Titilaksono ingkang ongko sepidah, inggihpuniko “Pambuko”
kalajengaken engkang ongko kalih nuninggih, waosan ayat suci al-Qur’an
Wondene adicoro ingkang ongko tigo, “atur pambagyoharjo”
Adicoro urut ongko sekawan, atur pasrah temanten putri/a
Wondene adicoro ongko gangsal, atur penampining pinanganten putri/a
Adicoro ingkang ongko enem nuninggih, sabdo tomo utawi mauidho khasanah soho do’aipun
Adicoro ingkang urut ongko pitu, inggih puniko penutup
Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis sonten, monggo kito bikak sareng-sareng kanti waosan Ummul Kitab. Liridho’illa Wa lissyafa’ati Rasulillah, Alfatihah… Maturnuwun dining waosan Al-Fatihah panjenengan sedoyo, mugi-mugi dados lancaripun acara siang meniko.
Acoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qur’an, ingkang bade kaastho dening Bapak …………. Dumateng panjenenganipun kawulo sumanggaaken.………………………………
Shodaqollahul ‘adzim, mugi-mugi waosan ayat suci al-Qur’an meniko waget ndadosaken berkah dhumateng pewaos lan lumeber dhumateng kito sedoyo.
Adicoro ingkang urut ongko tigo atur pambagyoharjo ingkang badhe kaastho dening bopo kyai ………., dhumateng Bopo Kyai …………. kawulo sumanggaaken, …………………………………. Mekaten atur pambagyoharjo, kawulo aturaken matursuwun.
Menggah adicoro ingkang ongko sekawan, “atur pasrah penganten putri/a”. Dhumateng ingkang mewakili kawulo aturaken.………………
Dhumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Adicoro selajengipun atur penampining penganten putri/a ingkang badhe kaastho panjenenganipun bapak kepalasa desa Tegalwungu Kupen. Dumateng panjenenganipun kawulo wekdal soho panggenan kawulo aturaken.………………Matursuwu sanget kawulo aturaken.
Adicoro selajengipun skors, dhumateng rencang-rencang juru ladi kawulo sumanggaaken. ………………
Ngancik adicoro ingkang urut ongko enem, nuninggih sabdo tomo ingkang badhe dipun astho Simbah Kyai Haji ……………………………………Dhumateng Simbah Kyai Haji …………………….. kawulo sumanggaaken soho dipun suwun do’aipun.
Mekaten atur pangendikan saking simbah Kyai Haji ……………….,Matorsuwon kawulo atoraken datang Romo Kiyai…………… engkang sampun maringi mauidhohasan mugi-mugi nopo engkang sampun dipon aturaken waget ndadosaken ilmu ingkang manfaat kagem kito sedoyo umumipon lan kagem temanten kalih khususipon.
Ngancik adicoro ingkang terakhir nuninggih penutup. Hananging sakderengipun kito tutup, dhumateng pinanganten sarimbit kawulo suwun jengkar saking panggenan tinuju pintu keluar, sakperlu maringi kasempatan dhumateng poro tamu ingkang badhe jawat astho ugi nyuwun tambahing do’a restunipon.
Mekaten runtuting adicoro ingkang sampun kalampah, monggo sareng-sareng kito tutup pahargyan wonten siang meniko kanthi waosan tahmid, kawulo dereaken Alhamdulillahi rabbil ‘alamin.
Saking kawulo anggenipun ndereaken runtutanipon adiacoro, mbok bilih kawulo anggenipun matur kathah sasar susur ingkang mboten mranani wonten penggaleh panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami. Cekap semanten, kawulo pungkasi,
Wabillahi taufiq Wal hiddayah, Warridho Wal Innayah Wassalamula Wassalamualaikum Wr Wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar